Selasa, 08 Januari 2013

contoh tembang macapat


TEMBANG MACAPAT

1.      Maskumambang
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi
Enggal tulungana
Awakku kecemplung warih
Gulagepan wus meh pejah
v  12i - 6a - 8i - 8o
2.      Mijil
Damar katon aywa mati mati
Sadege keprabon
Aywa kandheg madhangi jagade
Mangka panariking reh sayekti
Ing pati pinanggih
Kautameng prabu
v  10i – 6o – 10e – 10i – 6i – 6o
3.      Kinanthi
Anoman malumpat sampun
Prapteng witing nagasari
Mulat mangandhap katingal
Wanodya yu kuru aking
Gelung rusak wor lan kisma
Kang iga-iga kaeksi
v  8u – 8i – 8a – 8i – 8a – 8i
4.      Sinom
Amenangi jaman edan
Ewuh aya ing pambudi
Melu edan nora tahan
Yen tan melu anglakoni
Boya kaduman melik
Kaliren wekasanipun
Dilalah kersa Allah
Begja-bejane kang lali
Luwih begja kang eling lawan waspada
v  8a – 8i – 8a – 8i – 7i – 8u – 7a – 8i – 12a
5.      Asmaradana
Duh laila indahsari
Sak yektine nguda rasa
Amung kasih pangarepe
Cahya ginawa raga
Cah ayu ingkang tresna
Duh sliramu pepujanku
Sak tenane aku tresna
v  8i – 8a – 8e – 7a – 8a – 8u – 8a
6.      Gambuh
Ana pocapanipun
Adiguna adigang adigung
Pan adigang kidang adigung pan esthi
Adiguna ula iku
Telu pisan mati sampyoh
v  7u – 10u – 12i – 8u – 8o
7.      Dandanggula
Dhuh kusuma ingkang milangoni
Buron arum ingkang sobeng wana
Yen panggih sun arasane
Sumber gung ngisor gunung
Wreksa langking sisaning agni
Sun sandhang pinarenga nedya amemanuh
Wit saking tresnaning manah
Surya ratri wong kuning sun kawulani
Sun andhep saben dina
v  10i – 10a – 8e – 7u – 9i – 7a – 6u – 8a – 12i – 7a
8.      Durma
Kae manungsa golek upa angkara
Sesingidan mawuni
Nggawa bandha donya
Mbuwang rasa agama
Nyingkiri sesanti ati
Tan wedi dosa
Tan eling bakal mati
v  12a – 7i – 6a – 7a – 8i – 5a – 7i
9.      Pangkur
Singgang gungkang piniyara
Mardi siswa kakawinireng estri
Wineh winulangaken wadu
Peputhut mung Pregiwa
Kang sumewa pasewakaning kalangun
Pangrantamireng pradangga
Sesendhonan genti-genti
v  8a – 11i – 8u – 7a – 8i – 5a – 7i
10.  Megatruh
Sigra milir sang getek sinangga bajul
Kawandasa kang njageni
Ing miwah sakehing pungkur
Nutugake nggenya plesir
Sang getek lampahnyo alon
v  12u – 8i – 8u – 8i – 8o
11.  Pocung
Ngelmu iku kelakone kanthi laku
Lekase lawan kas
Tegese kas nyantosani
Setya budya pangekesedur angkara
v  12u – 6a – 8i – 12a

4 komentar:

  1. WoW, ini yang gue cari, ini pr bahasa jawa gue, makasih admin baik, semoga sukses.
    .
    Kunbal
    http://indochildx.blogspot.com/

    BalasHapus
  2. Min, ngak sekaliyan sama artinya ??
    Hehehhehe .....
    Tapi gak papa dech, tugas selesai....

    BalasHapus
  3. pangkur tema narkoba donk

    BalasHapus